Drama Urip Ora Berkah
by. Dev. Mulani | 2014Kaji Rungkem : Milkiyah
Dumini : Fitriyani
Rasitem : Meli Ameliah
Dumini : Ji, laki ne pekara jare doyan sawer, lewane apa?
Kaji Rungkem : Ya embu temen ka Dum, diomongi enggal dina ika, beli sawer bae pasang togel gah enggal minggu.
Dumini : Idih aih sira idih! Si pekara ning kawin wong lanang mengkonon gelem bae? Ora sembayang Istikhoroh dingin ta?
Kaji Rungkem : Iya Dum, ketumplek blek demene ning lakie kita kuh, keder gah! kayae ning kemat semar mencot mbu apa? kesawang ning mata ku garang ….. bae enggal dinae ngilwati Sahruk Khan …
Rasitem : Embu ..gah, ireng geteng kaya Ula Dumung bae,
Kaji Rungkem : Ngomong apa pekara Bi?
Rasitem : Aih ora Ji, tanggae kita wingi kecokot ngula dumung,
Dumini : Eh Ji, apa sih jeh alesane lakine pekara seneng bae ning sawer?
Kaji Rungkem : Jare tah pengen disebut-sebut arane ning biduwan, mengkanan kah: mamae Roni mamae Roni bos Araban.., padahal duite kita, deweke mlarat kana, dunya e sing kita kabeh, sawah deke kita, motor deke kita, sandangan sing kita, balik sing ngarab ledis duite laka kabeh!
Rasitem : Lah, ari pengen ning sebut arane tah nyumbang bae ning Mesjid. Seketewu gah ning sebut arane, ning hadiahi Patekah turane!
Dumini : Sodaqoh mengkonon kuh kehukuman Riya ta beli sih?
Rasitem : Ya embuh temen lah Ora ngerti! Daripada sawer daripada Togel laka berkahe ning urip!
Dumini : Iya ya Bi? Duit sing Togel lamon diempakaken nganak rabi, duh masyaAllah…,nangudzubillah min dzalik…, Ya wis gah Ji, kitae balik arep adang!
Rasitem : Bi Dumini, apa sih lakine pekara ora miang meng sawah biasa gah bareng karo my bab (lakie kita)?
Dumini : Ana ngumah Bi, lagi nggerem-nggerem ning kamer, wingi ke Pacul wentise, saking sasae pengen tandur maning! Ya wis ayu gah balik Bi,
Rasitem : Ayu!

0 Comments